Literasi Hari Ini
Literasi Harian
Literasi Bahasa

Mbedhah Keunikan Panyebutan angka ing Budaya Jawa

Kamis, 30 Juli 2026Tim Literasi Ganesha3 kali dilihat
Mbedhah Keunikan Panyebutan angka ing Budaya Jawa

Saben dina, tanpa disadhari, para siswa mesthi sesrawungan karo angka. Nalika guru mriksa daftar hadir, para siswa disebut adhedhasar nomer presensi. Nalika nampa asil sinau, sing digatekna mesthi nilaine. Nalika ngrayakna ulang taun, sing dieling-eling uga umure. Angka wis dadi bageyan sekang urip saben dina. Nanging, tau ora para siswa kepikiran, angka kuwe apa mung dienggo kanggo ngetung ya?

Coba gatekna ukara ngisor kiye!

  1. "Nomer presensi selawe, mangga maju."

  1. "Yuswanipun Mbakyu kula selawe taun."

Sanajan ukara kapisan nganggo ragam ngoko lan ukara kapindho nganggo ragam krama, panyebutan angka selawe tetep padha. Semono uga sewelas, selikur, seket, lan sewidak. Apa sebabe kok ora owah?

Miturut para ahli basa, tembung-tembung kasebut kalebu sistem cacah (numeralia) basa Jawa. Mula, beda karo tembung-tembung liyane sing nduweni padhanan ngoko lan krama, panyebutan angka tetep dinggo neng maneka tataran unggah-ungguh basa Jawa, kalebu ngoko lan krama. Kaunikan kiye ndadekna sistem angka basa Jawa nduweni ciri sing beda karo basa liyane.

Saliyane minangka sistem angka, neng satengahing masyarakat Jawa uga tuwuh maneka werna pamawas budaya maring sawetara angka kasebut. Pamawas kiye diwarisna lumantar pitutur para sesepuh, tradhisi, lan crita sekang generasi maring generasi. Cara menehi makna adhedhasar swara utawa tembung kiye misuwur kanthi jeneng kerata basa utawa jarwa dhosok.

Angka 11–19 nggunakna panambang -las, kayata sewelas, kalih welas, nembelas, pitulas lan wolulas. Miturut pamawas masarakat Jawa, -las kerep dikeretabasakna "welas asih". Neng umur las-lasan/remaja kiye, manungsa wiwit metu sekang lingkungan cilik (wong tuwa) lan sesambungan karo masarakat. Mula butuh rasa welas asih (empati, ora egois, lan seneng tetulung) minangka sangune kekancan lan sesrawungan/sosialisasi.

Angka 21-29 , kajaba 25, nggunakna tembung -likur, kayata selikur, sekawan likur, lan sangalikur. Likur gegayutan karo unen-unen "linggih kursi". Kursi minangka lambang kalungguhan/kedudukan/pegawean. Neng umur kiye, manungsa wis wiwit linggih neng kursi kepemimpinan utawa bisa uga pegawean, sarta diwei tanggungjawab mandhiri mligine anggone ngodhe. 

Dene angka 25 ora diarani gangsal likur, nanging selawe. Miturut kerata basa, selawe kerep dimaknani minangka senenge lanang lan wedok / wadon. Pamawas kiye dadi pralambang wiwitane manungsa mbangun bebrayan (omah-omah) lan sinau ngemban tanggungjawab neng kulawarga.

Nalika wis tekan 50, panyebutane dadi seket, dudu gangsal dasa. Ing pamawas budaya Jawa, seket kerep dikerata-basakna dadi seneng ngiket. Tegese, manungsa diajab saya kuwat ngiket manah marang Gusti Kang Maha Kuwasa lumantar ibadah lan rasa syukur. Saliyane kuwe, uga diajab bisa ngiket paseduluran lan katresnan maring anak, mantu, putu, lan kulawarga, supaya guyub rukun lan kabecikan tetep lestari.

Dene angka 60 diarani sewidak. Miturut kerata basa, sewidak dimaknani minangka sejatine wis siyap tindak. Neng umur 60, fisik wis wiwit suda, jatah umur neng donya wis sansaya sethithik. Piwulang kiye dudu ateges wong umur sewidak mesthi bakal seda, nanging minangka pangeling yen umur tansah lumaku. Mula, saben wong diajab luwih ngregani wektu, ngakehi kabecikan, lan nyiapna sangu kanggo akherat.

Perlu dimangerteni manawa makna-makna kasebut dudu asal-usul otentik sekang tembung sewelas, selikur, selawe, seket, utawa sewidak. Miturut kajian linguistik, tembung-tembung kasebut pancen kalebu sistem numeralia basa Jawa. Dene makna filosofis sing dicritakna neng masarakat kuwe minangka kearifan budaya sing diwarisna turun-temurun lumantar tradhisi lan pitutur para leluhur. 

Siki coba delengen maning nomer presensimu, nilaimu, umurmu utawa umur wong tuwamu. Mbokmenawa angka-angka kasebut mung katon minangka lambang kanggo ngetung. Nanging, sawise maca wacan kiye, apa awakmu isih nganggep angka mung minangka angka? Bisa uga, neng sewalike sawijining angka, leluhur Jawa nyimpen piwulang urip sing esih migunani nganti siki. Mula, sinau angka Jawa dudu mung sinau ngetung, nanging uga sinau ngurmati basa, budaya, lan kawicaksanan para leluhur supaya tetep lestari neng tengah owah-owahaning jaman.

Ayo Nglatih Pangertenmu!
Tulisana wangsulanmu ing buku literasimu!

  1. Yen digatekna sekang  filosofi angka 11-19, 21-29, 25, 50, nganti 60 neng wacan ndhuwur nggambarna tataran/ urutane urip manungsa. Coba jelasna kanthi ringkes kepriwe alur lelakune urip manungsa lan filosofine miturut pamawas budaya Jawa adhedhasar angka-angka kasebut!

  2. Sekang filosofi angka 11–19 (welas asih) lan 21–29 (linggih kursi), nilai endi sing paling awakmu butuhna minangka siswa SMA? Terangna alesanmu lan tuladha pangetrapane neng urip saben dina!

Bagikan konten ini: