Literasi Hari Ini
Literasi Harian
Literasi Bahasa

Arjuna: Sinau Dadi Satriya

Kamis, 10 September 2026Tim Literasi Rebab Jawa736 kali dilihat
Arjuna: Sinau Dadi Satriya

Arjuna kuwe salah siji Pandhawa sing misuwur amarga kaprigelane nganggo gandewa lan panah. Dheweke dikenal minangka satriya sing trampil, sregep sinau, lan nduweni konsentrasi sing apik. Nanging, dadi satriya ora dumadi kanthi cepet. Ing buri kaprigelane, ana proses dawa sing kebak latian, kagagalan, lan perjuwangan.

Nalika isih enom, Arjuna lan para sedulure sinau elmu kaprajuritan maring Resi Durna. Saben dina dheweke kudu latian nganggo werna-werna gaman. Kadhangkala latian kasebut ora gampang. Tangane kesel, awake kesel, nanging Arjuna ora gampang nyerah. Arjuna nduweni rasa kepengin sinau sing gedhe. Miturut dheweke, kaprigelan ora bakal ngrembaka nek ora dilatih kanthi tekun.

Neng sawijining dina, Resi Durna arep nguji kemampuan para muride. Durna nggantungna sawijining target ing wit lan njaluk para murid supaya manah target kasebut. Sadurunge manah, saben murid ditakoni apa sing dideleng.

Ana murid sing mangsuli, “Aku ndeleng wit, Guru.”

Ana liyane mangsuli, “Aku ndeleng manuk, wit, lan pang-pangane.”

Nalika tekan Arjuna, Durna takon, “Arjuna, apa sing kokdeleng?”

Arjuna mangsuli, “Aku mung ndeleng mripate manuk, Guru.”

Durna banjur dhawuh supaya Arjuna ngeculna panahe. Panah kasebut langsung tumancep ing sasaran. Sekang kedadeyan kuwe, Arjuna nuduhna nek konsentrasi kuwe penting kanggo nggayuh tujuwan. Nek pikiran kebak perkara sing ora perlu, tujuwan bakal gampang ilang sekang panyawang.

Nanging, urip Arjuna ora mung babagan kemenangan. Dheweke uga kudu ngadhepi persaingan karo satriya liyane, salah sijine yakuwe Karna. Karna nduweni kaprigelan sing luar biasa lan dadi pesaing Arjuna. Persaingan kasebut ndadekana Arjuna ngerti nek ing donya kiye mesthi ana wong liya sing uga nduweni bakat lan kemampuan.

Kahanan kasebut bisa bae nuwuhna rasa kuwatir lan kepengin dadi sing paling unggul. Nanging Arjuna kudu sinau nek tujuwan utama sekang latian dudu mung kanggo ngalahna wong liya. Latian ditindakna supaya awake dhewek bisa dadi luwih apik.

Piwulang kasebut cocog kanggo para siswa saiki. Neng sekolah, siswa kerep mbandhingna biji, prestasi, utawa kemampuan karo kancane. Nalika ana kanca sing olih biji luwih apik, menang lomba, utawa luwih dikenal, bisa bae metu rasa mindher. Nanging, saben wong nduweni proses lan dalane dhewek-dhewek. Kaya Arjuna, sing luwih penting yakuwe terus ngasah kaprigelan tinimbang mung sibuk mbandhingna awake dhewek karo wong liya.

Tantangan paling gedhe kanggo Arjuna katon nalika perang Bharatayuda arep diwiwiti. Arjuna wis siyap nggawa gandewa. Nanging nalika ndeleng pasukan mungsuh, dheweke ngerti nek neng kana ana wong-wong sing dikenal: sedulur, guru, lan wong-wong sing tau dadi bagean sekang uripe.

Atine dadi ora tega. Arjuna kebak rasa mangu/ragu lan wedi. Gandewane nganti ora kuwat dicekel. Ing wektu kuwe, Kresna aweh piwulang maring Arjuna. Kresna mulang nek saben wong nduweni tanggung jawab. Wong uga kudu bisa mbedakna antarane rasa wedi lan kuwajiban sing kudu ditindakna.

Arjuna banjur ngerti nek kewanenan ora ateges wong ora nduweni rasa wedi. Wong sing wani yakuwe wong sing bisa ngadhepi rasa wedi lan kabingungan, banjur tetep tumindak kanthi pikiran sing wicaksana.

Sekang lelakon Arjuna, dhewek bisa sinau manawa dadi wong hebat ora mung babagan bakat. Bakat tanpa latian ora bakal ngrembaka. Kaprigelan tanpa disiplin gampang ilang. Lan kewanenan tanpa kawicaksanan bisa nggawa wong maring keputusan sing salah.

Arjuna uga mulangna manawa urip kuwe dudu lomba-lomba kanggo tansah ngalahna wong liya. Kadhangkala, wong kudu ngalahna rasa awang-awangen, wedi gagal, mindher, lan karaguan sing ana neng njero awake dhewek.

Para siswa saiki uga nduweni “peperangan” dhewek-dhewek. Ana sing kudu ngadhepi rasa awang-awangen nalika kudu sinau. Ana sing wedi gagal nalika ujian. Ana sing rumangsa ora cukup apik amarga kerep mbandhingna awake dhewek karo wong liya.

Ing kahanan kaya mangkono, Arjuna bisa dadi pangeling nek saben wong nduweni proses. Ora masalah nek dina kiye durung dadi sing paling apik. Sing penting yakuwe gelem sinau lan dadi luwih apik tinimbang dina wingi.

Dadi ksatria ing jaman siki ora kudu nggawa gandewa utawa pedhang. Ksatria bisa diwujudna kanthi wani ngadhepi tantangan, sregep nggayuh cita-cita, jujur maring awake dhewek, lan ora gampang nyerah nalika nemoni kegagalan.

Amarga kemenangan sejati dudu nalika bisa ngalahana wong liya, nanging nalika bisa ngalahna kakurangan sing ana neng njero awake dhewek.

Sakwise maca critane Arjuna, wangsulana pitakonan neng ngisor kiye lan tulis neng buku literasimu!

1. Miturut panemumu, apa sing ndadekna Arjuna bisa dadi satriya sing hebat?

2. Apa hubungane latian Arjuna karo perjuwangan siswa kanggo nggayuh cita-cita?

3. Apa “lawan” paling gedhe sing siki kudu kokadhepi neng uripmu?

4. Nek ko dadi Arjuna neng jaman saiki, tantangan apa sing lagi kokadhepi lan kepriwe caramu ngadhepi?

Bagikan konten ini: