Laku Cilik, Piwulang Gedhe

Laku Cilik, Piwulang Gedhe
Esuk esuk, swasana sekolah wis wiwit rame. Para siswa padha teka kanthi pasuryan sumringah. Ing antara rame-rame kuwe, ana bocah sing arane Arka. Dheweke lagi mlaku maring kelas. Arka kiye kalebu bocah sing gampang srawung lan aktif ing kelas.
Nalika tekan ngarep kelas, Arka weruh ana kancane sing padha lungguh nang ngarep kelas lagi guyonan. Nganti ora krasa nek jebul ning burine ana guru sing lagi arep tindak maring kelas. Banjur bocah-bocah padha mandheg anggone guyonan lan nyumanggakna guru kasebut liwat. Nalika bel muni, bocah-bocah langsung padha mlebu kelas.
Pasinaon jam kapisan yakuwe Basa Jawa. Ing tengah pasinaon, Pak Yono pirsa yen Arka kawit mau ora nggatekna.
"Arka!"
Nanging Arka ora mangsuli. Dheweke isih bae crita karo kanca jejere.
"Arka!" Pak Yono nimbali luwih seru.
Nembe Arka nylinguk.
"Eh nggih, Pak."
" Gatosaken."
"Nggih, Pak. Nyuwun pangapunten."
Bel ganti pelajaran muni, pak Yono maringi tugas maring para murid. Sawise kuwe Arka ngekesi buku-bukune.
Nalika arep metu kelas, pak Yono nimbali Arka lan Davi.
"Arka, Davi, sekedhap. Bapak nyuwun tulung."
Arka lan Davi mandheg lan langsung mereki pak Yono. Tangane Davi ngapurancang (tangan loro diselehna nangarep awak), sirahe rada ndhingkluk. Dene Arka nyelehna tangane ing meja guru, nanging banjur dielingna dening Davi supaya ora cekelan meja.
"Wonten menapa pak?”
“Bapak badhe nyuwun tulung, menika buku paket dipunwangsulaken dhateng perpustakaan.”
“Nggih, Pak.”
"Matur nuwun, nang."
"Sami-sami, Pak."
Pelajaran jam ketelu diwiwiti, Arka krasa kepengin maring buri. Dheweke banjur menyat sekang bangku lan mlaku maring njaba. Bu Sita sing lagi nerangna materi banjur takon.
“Arka arep maring ngendi?”
“Badhe medal sekedhap, Bu.”
Bu Sita mesem. “Nek arep metu, apa kang kudune dilakokna, Arka?”
“Oh nggih, Bu. Pangapunten. Kedah ijin rumiyin.” Arka banjur mlaku maring ngarepe bu Sita lan ngomong kanthi temata.
“Nuwun sewu, Bu. Kula badhe dhateng pakiwan.”
Bu Sita manthuk lan mangsuli, “Nggih. Sumangga”
"Matur nuwun, Bu."
Arka banjur metu sekang kelas.
Sawise sekang WC, Arka bali maring kelas. Nang lurungan kelas, Arka weruh ana Pak Anton sing lagi tindak nang ngarepe Arka. Merga kepengin cepet tekan kelas, Arka banjur mlaku cepet lan meh bae dheweke nyalip Pak Anton. Nanging Arka kelingan ngendikane Pak Yono, dadi dheweke ngalona lakune.
“Nuwun sewu, Pak. Ndherek langkung.”
Pak Anton nylinguk banjur nyumanggakna.
“Sumangga.”
“Matur nuwun, Pak.” Arka mlaku sawise Pak Anton liwat lurungan sing cilik.
Bel ngaso wis muni, Arka kelingan nek dheweke kudu ngumpulna tugas maring mejane Bu Nur. Dheweke banjur maring ruang guru. Setekane ngarep lawang ruang guru dheweke nuthuk lawang, uluk salam lan nyedheki guru sing ana ning ruang guru.
“Sugeng siyang, Bu Retno. Nuwun sewu, kula badhe ngempalaken tugas wonten mejanipun Bu Nur.”
“Oh iya Arka. Selehna meja paling ngarep dhewek kae ya.”
“Nggih, Bu. Matur nuwun.”
“Sami-sami.”
Bar sekang ruang guru, Arka mampir njajan ana ing kantin. Nanging dheweke ora patia krungu ana bel mlebu muni.
Nalika bali maring kelas, Arka liwat ngarepe Pak Umar (caraka sekolah) sing lagi ngguntingi tanduran ing ngarep lurung kelas. Saiki Arka ora langsung mlaku.
“Nuwun sewu, Pak.”
Pak Umar mesem, “Mangga, Mas.”
Arka banjur liwat ngarepe Pak Umar kanthi mbungkuk sethithik minangka wujud pakurmatan.
Setekane nang kelas, jebul pelajaran wis labuh. Bu Indah wis ana ing kelas. Arka mandheg nang ngarep lawang. Ora langsung mlebu.
“Thok… thok… thok… Nuwun sewu, Bu.”
Bu Indah madhep maring Arka. Arka banjur mlebu, mereki bu Indah lan nyalami.
“Nyuwun pangapunten, Bu. Kula kalawau nembe saking kantin, nanging kula boten mireng wonten bel. Dados kula mlebet telat.”
“Oh ya wis, kana lungguh. Ngesuk maning gatekna wektune ya.”
“Nggih, Bu. Matur nuwun.” Arka banjur lungguh nang bangkune.
Dina kiye sekolah wis arep rampung. Sakdurunge bel bali muni, bu Indah jumeneng ing ngarep kelas.
“Bocah-bocah, dina kiye dhewek wis sinau akeh. Ora namung pasinaon nang buku nanging uga ngenani kepriwe anggone tumindak. Adab maring guru minangka wujud rasa urmat maring wong sing wis mulang, mbimbing, lan ngrewangi dhewek.”
Arka meneng. Dheweke kelingan kedadean sedawane dina kiye. Akeh piwulang sing bisa dijukut lan disinaoni. Arka banjur mesem. Jebul adab ora mesthi sawijining bab sing gedhe. Bab-bab cilik ing saben dina uga prelu digatekna.
Dina kiye katon kaya dina sekolah biasa. Nanging kanggo Arka dina kiye dadi dina sing beda. Dheweke bali ora namung nggawa buku lan tugas, nanging uga nggawa sawijining pelajaran penting.
“Dadi murid sing becik kuwe ora namung ngenani pinter mangsuli pitakonan, olih biji sing dhuwur, utawa menang lomba. Dadi murid sing becik uga ateges ngerti cara ngurmati guru, ngregani wong liya, lan njaga adab saben lakune.”
Sawise maca critane Arka nang dhuwur, saiki coba para murid wangsuli pitakonan ngisor kiye lan tulis ing buku literasimu!
Sawise maca critane Arka nang dhuwur, piwulang apa bae sing bisa dijukut? Tulis seakeh-akehe!
Sekang sekabehan adab tata krama sing ana nang critane Arka, apa bae tumindak sing miturutmu urung bener nanging isih kerep ditemoni nang lingkungan sekolah?
Apa sing bakal koklakokna nalika ketemu kanca sing ora nggatekna adab tata krama?
Bagikan konten ini: