SESORAH: Cara Ngginakaken AI Kanthi Leres lan Wicaksana ing Jaman Digital

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Sugeng enjing, mugi kawilujengan tansah kajiwa lan kasarira dhumateng kula lan panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak Kepala SMA Negeri 1 Purbalingga ingkang tansah kinurmatan. Bapa Ibu guru saha karyawan SMA N 1 Purbalingga ingkang kawula urmati, saha kanca-kanca sedaya ingkang kula tresnani.
Puji syukur sumangga kula lan panjenengan aturaken dhumateng Gusti Allah SWT, awit saking sih rahmat lan hidayahipun, kula lan panjenengan sedaya saged wonten ing sekolah dinten menika kanthi kawontenan sehat wal afiat, tanpa alangan setunggal punapa.
Ing kalodhangan punika, kula, Asyraaf Aldaiva saking kelas XI Sains B3, badhe ngaturaken sesorah kanthi tema "Teknologi", langkung mligi babagan "Cara ngginakaken AI kanthi leres lan wicaksana ing jaman digital".
Bapak Ibu Guru, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Kados ingkang sampun kula lan panjenengan mangertosi sesarengan, menawi jaman punika sampun mlebet ing jaman digital ingkang saged mubal-mubal kanthi cepet. Salah satunggaling teknologi ingkang saweg ngrembaka inggih punika Artificial Intelligence utawi ingkang asring dipunsebat kaliyan AI. AI punika sampun manunggal ing gesang padintenan, wiwit kangge damel tugas sekolah, ngresiki data, ngripta gambar, ngaturaken terjemahan basa, ngantos dados kanca cariyos digital.
Ananging, sadaya teknologi punika kados arta ingkang gadhah kalih sisih. Menawi dipun-ginakaken kanthi wicaksana, AI saged dados sarana ingkang migunani sanget kagem nyengkuyung pendidikan lan kreativitas. Ananging menawi dipun-ginakaken kanthi sembrana, AI saged nuwuhaken bebaya, kadosta tiyang sami males/kesed menggalih/mikir piyambak, wontenipun informasi palsu utawi hoax, saha ical raosipun kawicaksanan kagem mbentenaken pundi ingkang leres saha pundi ingkang lepat.
Awit saking punika, wonten sawetawis prekawis ingkang badhe kula aturaken supados kula lan panjenengan saged ngginakaken AI kanthi leres lan wicaksana.
Ingkang sepisan, AI kedahipun dados sarana bantu utawi ngrencangi, sanes nggantosaken pamikiran kula lan panjenengan sedaya. Kula lan panjenengan tetep kedah menggalih/mikir piyambak, ngevaluasi asiling AI, saha boten lajeng pitados dhumateng punapa ingkang dipun-aturaken dening AI. Kamampuan menggalih kritis punika kedah tansah dipun-gladhi. AI namung saged nyuguhaken informasi, dene ingkang mutusaken leres lan lepatipun tetep wonten ing astanipun kula lan panjenengan sedaya.
Ingkang kaping kalih, kula lan panjenengan kedah tanggel jawab dhumateng punapa ingkang dipun-asilaken kanthi bantuan AI. Sae mawon menawi AI dipun-ginakaken kagem sinau lan mangertosi materi, sanes namung kagem nyalin lan ngaku-aku minangka karya piyambak. Menawi kula lan panjenengan namung sregep nyalin tanpa purun mangertosi isinipun, temah badhe nemahi kapitunan/kerugian piyambak amargi boten saged mangertos materi wau kanthi saestu.
Ingkang kaping tiga utawi pungkasan, kula lan panjenengan kedah ngatos-atos dhumateng data lan privasi. Data pribadi ingkang bocor saged dipunsalahginakaken dening pihak-pihak ingkang boten tanggel jawab, kadosta kagem penipuan utawi tumindak kajahatan sanesipun. Kula lan panjenengan kedah tansah mriksa langkung rumiyin katrangan babagan kaamanan lan privasi saderengipun ngunggah data pribadi wonten ing aplikasi punapa kemawon.
Bapak Ibu Guru, lan kanca-kanca sedaya, menawi kula lan panjenengan saged ngginakaken AI kanthi wicaksana, teknologi punika saged dados bala bantu ingkang ageng manpangat kagem mangsa benjang kula lan panjenengan. Ananging menawi lena, teknologi punika saged dados sarana ingkang ngrisak pola pikir lan moral generasi muda.
Awit saking punika, sumangga kula lan panjenengan sesarengan ngginakaken AI kanthi tumindak wicaksana, sanes malah ngginakaken AI kagem perkawis ingkang boten sae. Mangga sami-sami kula lan panjenengan dados generasi ingkang cerdas anggenipun ngginakaken teknologi, boten namung dados pangagem, ananging ugi dados pangayom ingkang tansah njagi kabecikan wonten ing jaman digital punika.
Mugi-mugi kanthi sesorah punika, kula lan panjenengan sedaya saged mangertos babagan wigatosipun ngginakaken teknologi AI kanthi jejeg, leres, saha tanggel jawab. AI punika sanes momok ingkang kedah dipuntebihi, ananging ugi sanes sarana ingkang saged dipun-ginakaken sakersa piyambak. Kula lan panjenengan sedaya minangka generasi mudha kedah saged dados pangangge teknologi ingkang cerdas, kritis, saha wicaksana.
Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu guru saha kanca-kanca sedaya ingkang sampun kersa midhangetaken sesorah kula. Menawi wonten kalepatan atur saha basa ingkang kirang mranani, kula nyuwun agunging pangapunten.
Nuwun saking kula.
Sugeng enjing
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Ing Literasi Rebab Jawa dinten menika, para siswa kasuwun:
Mirengaken lan nyemak sesorah ingkang badhe dipun-aturaken dening pamicara lumantar speaker sentral.
Nyerat irah-irahan, pamicara, lan bab-bab wigati saking sesorah wonten ing buku literasi.
Mangsuli pitakenan ing ngandhap menika!
Adhedhasar sesorah kalawau, sebutaken tiga cara panganggenan AI kanthi leres lan wicaksana, Jlentrehaken!
Miturut panemu para siswa, menapa akibat menawi siswa langsung pitados/percaya dhateng sedaya informasi ingkang dipunparingaken dening AI?
Bagikan konten ini: