Literasi Hari Ini
Literasi Harian
Literasi Bahasa

SEKANG NEGARA ANGIN : Mawas Dhiri, Tepa Slira, lan Legawa

Kamis, 15 Oktober 2026Tim Literasi Bahasa Jawa Ganesha957 kali dilihat
SEKANG NEGARA ANGIN : Mawas Dhiri, Tepa Slira, lan Legawa

Tau ora ko ngenteni kabar sekang wong liya, wis suwe banget tapi langka kabar blas?

Langka tembung “iya”, langka tembung “ora”. Langka penjelasan, ya langka kepastian. Ko mung teyeng ndeleng layar, ngenteni kabar sing ora ngerti kapan tekane. Saben ana notifikasi, ati kaya diwei pengarep-arep. Tapi bar dibukak, jebule dudu kabar sing ditunggoni.

Kahanan kaya kuwe bisa nggawe wong kesel. Udu merga kudu ngenteni, tapi merga ora ngerti jane apa si sing ditunggoni. Swasana kaya kiye bisa ditemukna neng tembang Negara Angin-e Denny Caknan. Tembang kiye ora mung nggawa crita bab jarak, rasa kangen, lan hubungan sing sengsaya ora genah. Tapi angger dirungokna luwih jero, tembang kiye sejatine ngejak awake dhewek kon mikir babagan perkara sing luwih gedhe timbang hubungan antarane wong loro yakuwe kepriwe carane manungsa ngadhepi bab sing ora genah utawa ketidakpastian?

Ana ukara, “Tak tempuh sawelas ewu kilometer”. Ukara kiye nggambarna adohe laku (perjalanan) lan gedhene usaha. Tapi saben laku mesthi nduwe tujuan. Pitakonane, kepriwe angger wong wis mlaku adoh, wis ngupaya akeh, tapi ahire ora ngerti maning kudu maring ngendi?

Pitakon kuwe jane ora mung dirasakna neng wong sing lagi nandang katresnan (kasmaran). Bocah SMA uga sering ngalami “jarak” lan “ketidakpastian” kanthi wujud sing beda:

  1. Wis sinau temenan tapi nilaine urung kaya sing dikarepna.

  2. Wis latian nggo lomba tapi urung menang.

  3. Wis njajal melu seleksi mlebu organisasi tapi ora ditampa.

  4. Wis nduwe cita-cita, tapi tambah suwe malah tambah ora yakin.

  5. Kadhangkala ya ana rasa wedi pas ndeleng batire kaya wis padha ngerti arah uripe, deneng dhewek esih takon, “Enyong mengko arep dadi apa?”

Neng umurmu sing siki, ora kabeh perkara kudu nduwe jawaban. Tapi, seringe dhewek urip neng lingkungan sing nggawe dhewek kudu ngerti, kudu bisa kaya liyane. Batire wis nduwe rencana kuliah, dhewek urung. Batire wis nduwe prestasi, dhewek rumangsa biasa bae.

Tembang Negara Angin bisa dadi kaca nggo ndeleng awake dewek. Kadhangkala dhewek sibuk nggoleti kepastian sekang njaba: sekang nilai, pujian, tanggepan wong liya, utawa validasi neng media sosial. Pas ora olih kabeh kuwe, banjur mikir yen dhewek kuwe kurang apik. Padahal, ora kabeh sing urung kasil dhewek duweni kuwe artine dhewek gagal.

Budaya Jawa nduweni telung piwulang penting sing bisa dadi pituduh:

  1. Mawas diri: Gelem ndeleng lan mriksa awake dhewek kanthi jujur. Udu nggo nyalahna awake dewek, tapi ngajari ben dhewek ngerti apa sing dadi kekuwatan, apa sing kudu didandani, lan apa sing ora teyeng dikendhaleni.

  2. Tepa slira: Gelem mikirna perasaan lan kahanan wong liya. Neng jaman komunikasi digital, nilai kiye penting banget amarga dampak sekang kabeh tembung sing ditulis ning media sosial kuwe bisa dirasakna neng wong liya luwih suwe.

  3. Legawa: Saguh / gelem nampa kahanan lan asil kanthi jembare ati pas kenyataan ora pas karo apa sing dikarepna, banjur wani mlaku maning, njajal maning.

Komunikasi udu mung babagan omong-omongan, tapi ya wani aweh kejelasan, gelem ngrungokna, lan ngerti kapan kudu ngatur omongan supaya ora nglarani wong liya. Ana wektu, dhewek kudu ngerti yen ora kabeh perkara bisa dikendhaleni. Dhewek bisa sinau temenan, tapi kasile tetep ora mesthi cocog karo pangarep-arep. Dhewek bisa dadi batir sing apik, tapi ora bisa meksa kabeh wong kon perek karo dhewek. Dhewek bisa duwe cita-cita, tapi laku maring kana bisa bae owah.

Neng wektu kaya kuwe, sing bisa dilakoni ya bali maning maring awake dhewek: “Apa sing wis tek upayakna? Apa sing bisa didandani? Apa sing kudu tek relakna?” Pitakon-pitakon kuwe udu perkara sing gampang dijawab. Nanging bisa dadi wiwitan ben dadi sing luwih dewasa. Mulane, pas ngrungokna lagune, pitakon sing luwih penting dudu “Kapan kae bakal bali?”, tapi: “Wis ngenteni sesuwe kiye, enyong esih arep ngenteni bae, apa arep mlaku maring ngarep?”

Wangsulana pitakonan ngisor kiye.

  1. Miturut wacan, apa tegese tepa slira lan apa pentinge nilai kasebut neng jaman komunikasi digital?

  2. Wacan nyebutna yen media sosial uga lingkungan bisa nggawe wong mbandhingna awake dhewek karo wong liya. Kenangapa kedadeyan kuwe bisa nggawe remaja rumangsa dadi kurang percaya diri?

  3. Nalika rencana ora cocog karo kenyataan, apa sing biasane dilakoni neng ko? Langsung nyerah, nyoba maning, utawa butuh wektu kanggo nampa? Jelasna.

  4. Antarane mawas diri, tepa slira, lan legawa, nilai endi sing paling perlu koklatih kanggo awakmu siki? Kenangapa?

Seberapa menarik literasi hari ini?

Penilaian Anda membantu Tim Literasi Ganesha menyiapkan konten yang lebih baik.

Memuat…

Bagikan konten ini: