Literasi Hari Ini
Literasi Harian
Literasi Bahasa

Tulung Tinulung Sakjroning Calung

Kamis, 29 Oktober 2026Tim Literasi Rebab Jawa2 kali dilihat
Tulung Tinulung Sakjroning Calung

TULUNG TINULUNG SAJRONING CALUNG

Ing sawijining dina, siswa kelas X SMA Negeri 1 Purbalingga ollih tugas sakang gurune kanggo nggoleti informasi babagan kabudayan dhaerah. Ana siswa sing arane Raka, dheweke milih nyinaoni bab kesenian Calung Banyumasan. Raka banjur sowan maring salah siji sanggar seni sing ana nang dhaerah Purbalingga kanggo ndeleng gladhen calung.

Nalika tekan sanggar, Raka weruh pemudha-pemudhi sanggar sing lagi sinau nabuh calung. Saben bocah nyekel piranti musik sing beda-beda. Ana sing nabuh gambang, kenong, dhendhem, gong, lan ana uga sing nabuh kendhang. Senajan swara sekang saben piranti beda, kabeh bisa ngasilaken harmonisasi sing kepenak dirungokna nek bener anggone nabuh.

Pas lagi gladhen, salah siji pemain bola-bali nabuh pirantine kebanteren tur ora nggatekna irama sekang kanca-kancane. Akibate, harmonisasi sing diunekna dadi ora runtut. Pelatih banjur njaluk supaya kabeh pemain ngrungokna swara siji lan sijine. Sawise njajal maning, para pemain wis labuh bisa nabuh kanthi selaras. Harmonisasi monine calung kuwe keprungu luwih apik mergane saben pemain gelem nyelarasna tabuhane.

Raka uga nggatekna nalika lagi gladhen, ana pemain sing urung bisa nabuh kanthi bener. Kanca-kancane ora ngguyu utawa ngece, nanging malah ngaweh tuladha lan maraih kanthi sabar. Nalika ana piranti sing kudu dipindhahna, kabeh pemain bareng-bareng ngrewangi. Ora ana sing mung njagong karo ngenteni kancane ngrampungaken pegaweyan kuwe.

Sawise gladhen rampung, pelatih nerangna nek Calung Banyumasan wis ngalami owah-owahan. Nek gemiyen calung lewih kerep dipasangna karo pagelaran lengger, nek jaman siki calung uga bisa dinggo ngiringi tari kreasi lan pagelaran seni liyane. Bocah-bocah enom sing melu sinau calung dadi salah sijine cara supaya kesenian kuwe tetep dikenal nang generasi penerus lan ora mung dadi crita sekang generasi lawas.

 Raka uga nemu bab sing gawe atine tambah penasaran karo calung khususe bab lirike. Jebule pas dirungokna temenanan, lirik nang njero calung nganggo basa padinan wong banyumasan yakuwe basa ngapak utawa banyumasan. Bab kuwe sing gawe calung dadi unik lan beda karo gamelan utawa alat musik tradhisional liyane. Logat ngapak jebule nduweni filosofi nek wong banyumasan kuwe ngomong apa anane  utawa cablak utawa blakasuta.

Sekang akehe bab sing bisa disinaoni sekang bab calung mau, Raka banjur mikir nek saben pemain calung mung kepengin mbuktekna keprigelane dhewek-dhewek, mesthi swara calung ora bakal dadi harmoni sing nyawiji. Semono uga nang urip saben dina. Manungsa ora bisa urip dhewek tanpa pitulungan sekang wong liya. Saben wong nduweni kabisan lan tugas sing beda, tapi kabeh bisa aweh paedah nek gelem ngrungokna, ngajeni, lan nyengkuyung siji lan sijine. Manungsa uga kudu urip apa anane ora kena maksa kahanan sing malah bisa gawe susah awake dhewek lan wong liya.

Sekang pengalaman mau, Raka ngerti nek sinau calung ora mung sinau babagan musik tradhisional thok. Ana piwulang sing bisa dilakoni nang sekolah, kulawarga, lan masyarakat. Kabudayan ora cukup mung dideleng utawa ditonton, nanging uga perlu disinaoni lan dilestarekna liwat tumindak nyata.


Sekang wacan nang ndhuwur wangsulana pitakonan ngisor kiye, banjur tulis nang buku literasimu!

  1. Nilai sosial apa bae sing ana nang njerone calung banyumasan? Jelasna alesane!

  2. Minangka siswa, bab apa bae sing bisa diconto sekang calung lan bisa diterapaken nang urip saben dinane?

  3. Apa bedane calung sing jaman gemiyen karo calung jaman siki?

  4. Ning dhaerahmu, apa esih ana kesenian calung? Banjur miturut panemumu kepriwe cara ben calung tetep bisa lestari?

Seberapa menarik literasi hari ini?

Penilaian Anda membantu Tim Literasi Ganesha menyiapkan konten yang lebih baik.

Memuat…

Bagikan konten ini: