GAYA URIP UTAWA GENGSI?

Neng jaman modern siki, teknologi karo media sosial wis ngowahi carane urip cah enom, klebu bocah-bocah SMA. Saben dina, dhewek dipameri gaya urip sing sarwa mewah liwat Instagram, TikTok, utawa YouTube. Weruh kancane tuku klambi anyar, nongkrong neng kafe larang, tuku gadget sing paling anyar, utawa pamer barang hobi kaya sepatu branded lan game, kabeh mau asring marakna rasa kepingin melu-melu utawa FOMO. Kahanan kiye sing njalari tukule sipat "gumedhe lan melu-melu ombyaking jaman", yakuwe rasa kuwatir sing kebangeten nek ora teyeng madhani gaya uripe wong liya.
Kahanan kaya kuwe asring marekna cah enom keseret urusan "gengsi" sing neng ilmu sosiologi diarani gaya urip hedonis karo perilaku konsumtif. Nggo nggambarna bab kiye, dhewek teyeng ndeleng wateke Suneo Honekawa sekang anime Doraemon. Suneo kuwe dadi conto nyata prilaku konsumerisme cah enom. Dheweke sering banget nganggo bandha, dolanan larang (nek cah siki mbok menawa wujude gadget larang atawa pamer akun game sultan), karo crita plesiran mewah ndeke wong tuwane mung nggo pamer, golet pengakuan, lan ngremehna kanca-kancane sing lewih ringkih. Sipat pamer karo gumedhe kiye sejatine nuduhna mental sing ringkih, merga rasa percaya dhirine mung gumantung karo bandha donya lan wedi banget nek ora dadi pusat perhatian.
Nek sipat kaya Suneo kiye terus dijorna tanpa direm neng donya nyata, bakal ana dampak ala atawa kapitunan gedhe nggo cah enom.
Cah enom bakal ngrasakna stres batin lan kesel mentale merga kudu terus nututi standar urip sing dhuwur.
Dhuwit karo wektu sing kudune teyeng nggo investasi mangsa ngarep utawa sinau malah entong nggo barang sing ora wigati.
Sing lewih mbebayani, akeh cah enom jaman siki sing mbela-belani tuku barang larang sanajan kudu ngentongna dhuwite wong tuwa, utawa malah kecemplung utang digital lan pinjaman online (pinjol) mung nggo gengsi.
Kosok baline sekang sipat Suneo, dhewek teyeng sinau sekang pitutur luhure Gubernur DIY, Sri Sultan Hamengku Buwono X, sing nate ngendika:
"Gemi, nastiti, ngati-ati dudu piwulang kuno ngenani cara urip sing cilik utawa sempit, nanging iki minangka piwulang peradaban ngenani carane manungsa bisa urip merdeka."
Wong sing merdeka kuwe dudu wong sing bebas pamer barang larang merga gengsi kaya Suneo, nanging wong sing bebas lan kuwasa ngendhaleni pepenginane dhewek.
Kabudayan Jawa wis aweh modal utama nggo ngadhepi tantangan kiye liwat sipat gemi, nastiti, lan prasaja. Gemi tegese ora boros lan wicaksana nggunakna dhuwit. Nastiti tegese ngati-ati lan ngetung temenan endi sing dadi kabutuhan utama lan endi sing mung dadi pepenginan sedhela. Dene prasaja yakuwe urip apa anane, jujur maring awake dhewek, lan ora kakehan polah mung demi gengsi. Minangka siswa SMA Negeri 1 Purbalingga, ayuh dadi generasi sing gemi lan prasaja, merga kaluhuran budi kuwe regane lewih dhuwur ketimbang gengsi.
Sawise maca wacan ing dhuwur, saiki wangsulana pitakonan ngisor kiye banjur tulis ing buku literasimu!
Sawise maca teks kuwe, apa bedane konsep gaya urip karo gengsi miturut wacan neng dhuwur?
Sekang karaktere Suneo sing dadi conto neng wacan dhuwur, jlentrehna kepriwe hubungane sipat pamer karo perilaku konsumerisme cah enom!
Kepriwe panemumu nek ana bocah sing maksa tuku barang larang (kayata HP anyar atawa sepatu branded) merga kanca-kancane padha tuku, kamangka wong tuwane dhewek klebu kurang mampu? Hubungna karo crita neng dhuwur!
Minangka siswa SMA Negeri 1 Purbalingga, langkah utawa aksi nyata apa sing teyeng ko lakoni kawit siki nggo ngetrapake sipat gemi lan prasaja neng lingkungan sekolah lan omah amrih ora katut neng pusaran gengsi?
Seberapa menarik literasi hari ini?
Penilaian Anda membantu Tim Literasi Ganesha menyiapkan konten yang lebih baik.
Memuat…
Bagikan konten ini: